Rabu, 16 Desember 2009

Preian Sial

Prei minggah kelas kala wingi enten kaleh minggu. Untungipun kula minggah kelas, mbok bileh mboten..wellleeeeehh pun dimutilasi kula. nanging nggeh mboten di mutilasi mawon pun disawat kepong kula. Rangking mudhun mawon pun mboten pareng ngangge komputer,padahal ibu pun ngerti hobi kula niku memengan komputer. Pasrah mawon pun teng tiyang sepuh. Dinten senen, selasa,rabu kula namung teng griya. Nedha-tilem, nedha-tilem mawon pun, menawi mboten yo ningali tivi. Adus mawon namung kaping kaleh, nanging mboten ngantos tigo menit. Abot teng Tivi niku wau.. Ing liburan niki, kula nedha paling kathah kaping pitu, milo mboten heran menawi padharan kula sakniki sampun persis lembu gelondongan, pun mantun nedha ya kula tilem.
injing-injing emak kula ngendikan ”ayok sesuk ning Bali, telung dina wae cukup, bapak durung gajian, di bom wae wes omae bos’e buapakmu iku, mosok se wes tanggal 2 durung gajian!” Cariyose bapaknipun rencang emak kula seda. ”HOREEEEEEEE….”terose adhi kula. “WOYYY !!enek wong mati malah seneng,” emak kula ngoceh. Enggeh kados pundi menawi mboten enten tiyang seda teng Bali, benjing napa maleh kula teng Bali ? Entosi mawon ula nedha kaleh linggis. Emak kula niku nggeh phobia kapal. Wonten-wonten mawon si emak.. Akhiripun dalu-dalu kula kaliyan emak kula tumbas jajan dhateng Roxy Supermarket teng dalan A.yani, mboten ngertos nomer pinten pokoke pinggiripun radinan.
Dinten Jumat Jam gangsal injing kaluargi kula pun sregep siap-siap badhe tindak teng Bali. Kinten-kinten jam enem injing kula kaliyan kaluargi sampun dugi teng Ketapang, beh beh antrine sakdawan-dawan. Maklum preian. Akhire jam songo kita pun angsal tiket kapal, banjur niku mobil kula mlebu teng kapal lan tindhak datheng Bali.
Pas jam sekawan sore kita pun dugi teng Tiara Mall,Denpasar pados panganan. Kula pesen “Soto ayam”. Pas diteraken teng meja panggonan kula lungguh,si pelayan nyuguhaken soto nanging rupanipun mboten persis soto ayam. “napa niki mbak?”kula tanglet. Si mbak wau niki njawab “soto babi dhek”. Astagfirullah….untung mawon dereng ditedha. “Mbak,kulak an pesen soto ayam,kok diparingi soto gembluk?”kula tanglet maleh. “ohh..pareng dhek, sepurane niki wau ketuker, mantun niki kula ganti nggeh.” si mbak wau ngoceh. Buset…cah ayu ngene iki badhe nedha soto gembluk? Nopo mboten skalian mawon ketuker kaliyan soto kadhal utawi soto cecek?
Pun mantun nedha kita langsung tindak maleh teng griyane pakdhe, pas teng tengah radinan, sreeennng, moro-moro kebelet nguyuh. Padahal kula pun bengak bengok bapak tak kengken cepetan,yo sek lemet wae,malahan aku dikongkon nguyuh teng botol aqua. Jan ngawur wae, teng mobil kathah sederek.
Yen tiyang lanang saget, kari mapan tok langsung lega..Ngantos mular kula mboten tahan. Pas meh dugi teng mrika wonten upacara ngaben, kari lengkap nggih penderitaan niki! Dados muter maleh teng simpang enem, lah pas dugi griyanipun saderek,kula langsung minggat teng kulah. Pyuuh legane manah…
Preian teng Bali niki mboten pati nggenah, mulane sial terus awak niki. Kula tilem teng mriku stunggal kasur tiyang papat. Kula, adhi kula, Mas kula kaliyan mbak kula. Kula wonten tengah-tengah. Kabeh-kabeh podho njejeg. Ajur kula teng mriku. Preian teng Bali mung muter-muter Bedugul, Kute, Nusa Dua, Erlangga kaliyan Tanah Lot. Kathah oleh-oleh saking Bali, kula gadhah photo kaleh bule, beh awake ageng, akeh wulu wulune, nanging nggih sampun sepuh. Kula mboten nemu bule ngganteng ehh…nemunipun bule sepuh. Nasib..Nasib.
Kula uga tumbas topi kaliyan klambi klambi khas Bali mboten kesupen sewek Bali. Bali niku surganipun belanja. Akhiripun kula betah teng Bali. Nanging kula kedhah wangsul.
Injing jam sekawan kaluargi kula sampun pamitan teng sederek mantun niku kita mantuk teng Banyuwangi.

Tidak ada komentar: